Search for:

‎اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) اللهُ أَكْبَرُ (×٣) وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ. اللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا، وَالحَمْدُ لِلّٰهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا لاَ إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لَاإِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلاَّ إِيّاَهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ

الحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ حَرَّمَ الصِّياَمَ أَيّاَمَ الأَعْياَدِ ضِيَافَةً لِعِباَدِهِ الصَّالِحِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لاَإِلٰهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ الَّذِيْ جَعَلَ الجَّنَّةَ لِلْمُتَّقِيْنَ . وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ االدَّاعِيْ إِلىَ الصِّرَاطِ المُسْتَقِيْمِ . اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَباَرِكْ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّـدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحاَبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنَ أَمَّا بَعْدُ، فَيَآ أَيُّهَا المُؤْمِنُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. وَاتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقاَتِهِ وَلاَتَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ . قال الله تعالى: خُذِ ٱلْعَفْوَ وَأْمُرْ بِٱلْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ ٱلْجَٰهِلِينَ

 

Jamaah shalat Idul Fitri ingkang dipunrahmati Allah,

Sedaya puji namung kagunganipun Allah ta’ala, ingkang sampun maringi kita mapinten-pinten kanugrahan, ngantos mboten saget kita etang sedaya peparing saking Allah ingkang sampun kita tampi. Langkung-langkung wonten ing dinten menika, kita saget makempal sareng-sareng keluarga, sedherek, ugi umat Muslim kanthi badan ingkang sehat lan manah ingkang bingah. Sebab dinten menika kita sami nglaksanaaken Idul Fitri utawi dinten riyaya, dinten ingkang kebak berkah saha raos bingah. Pramila, sedaya nikmat punika mangga kita syukuri keanthi lisan, ati, saha amal sholih. Mugi-mugi kita sedaya kalebet golonganipun tiyang ingkang syukur dhateng Allah ta’ala.

 

Wonten ing pambukaning khutbah ingkang minulya punika, kepareng kawulo ngaturaken pepeling kagem kita sedaya. Manggaha kita sedoyo tansah ningkataken takwa kita wonten ngarsanipun Allah, kanthi nindaake dawuh-dawuhipun  saha nebihi sedaya awisane. Mugi-mugi kita kalebet golongan ingkang angsal ridha saking Gusti Allah ta’ala.

 

وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الأَلْبَابِ

 

Artosipun: “Pada (gawa) sanguha sira kabeh, mangka setuhune luwih bagus-baguse sangu, yaiku takwa marang Allah. Lan padha takwaha sira kabeh ing Ingsun (Allah), hei wong kang padha duweni akal,” (QS Al Baqarah: 197)

 

للهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ اللهُ أَكْبَرُ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ، وَاللهُ أَكْبَرُ، اللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ اْلحَمْدُ

 

Jamaah shalat Idul Fitri rahimakumullah

 

Wonten ing Idul Fitri menika, ugi katah ingkang mastani  dinten kemenangan. Dipun wastani mekaten, sebab sak derengipun kita sedaya, sampun nindhaaken ibadah siyam wajib ing wulan Ramadhan. Nalika siyam menika, kita ngeker sedaya perkawis ingkang mbatalke siyam. Milai saking dhahar, ngunjuk, saha perkawis sanes ingkang saget batalke pasa, milai wekdal shubuh ngantos maghrib. Saksampunipun nglampahi ibadah siyam wajib ing wulan Ramadhan, mangka hasilipun kita bakal angsal ketakwaan dating ngarsanipun Allah ta’ala.

Kados dene dhawuhe Gusti Allah swt wonten ing surat Al Baqarah ayat 183 :

 

أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ

Artosipun: “he Wong-wong kang podo iman, wus diwajibake marang siro kabeh  poso. Koyo olehe diwajibake marang umat-umat sakdurungmu Supoyo siro kabeh podho takwa.”

 

Takwa menika dados standar paling inggil kamulyaanipun menungsa. Inna akramakum ‘indallâhi atqâkum.

Ing dalem siyam Ramadhan, takwa menika mboten saget dipun perkoleh, namung kanti  ngempet luwe lan ngelak. Nanging, ugi kanthi ngempet nglampahi perkawis awon, kados dene ngrasani, ngapusi, nglarani marang liyan, lan sanesipun.

Rasulullah saw ugi nate paring pangandikan :

كَمْ مِنْ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إِلَّا الْجُوعُ

Artosipun: “Akeh wong kang pasa, nanging ora entuk apa-apa saking pasane, kajaba rasa luwe,” (HR Imam Ahmad)

 

Jamaah shalat Idul Fitri hafidhakumullah,

 

Kajawi meniko, tiyang ingkang takwa saget dipun titeni tanda-tandanipun. Wonten ing Al-Qur’an sampun dijelaske tanda-tandane tiyang ingkan takwa. Kados dene ing Surat Ali Imran:

الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَـــافِينَ عَنِ النَّــاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُـحْسِنِــينَ

Artosipun: “Yaiku wong-wong kang padha nafkahke (bandane) nalika wektu  gampang lan angel, lan wong-wong kang padha bisa ngempet muring, lan wong-wong kang padha ngapura (kesalahane) manungsa. Allah ta’ala iku remen marang wong kang padha gawe becik.” (QS Ali Imran: 134)

 

Jamaah shalat Idul Fitri hafidhakumullah,

 

Ayat menika nerangake tigang sifat tiyang ingkang takwa. Pertama, injih puniko tiyang ingkang remen nafkahkn  bandanipun ing mergi ketaatan dating  Gusti Allah. Ing dalem wektu gampil lan rupek. Utawi nalika kawontenan remen utawi susah, piyambakipun saget tetep istiqamah. Tiyang ingkang takwa, mesti mboten bakal mikirke awake dewe, ananing ugi keluargane, tangga tepalih, ugi dhateng sinten mbutuhke pitulungan, langkung-langkung dhateng tiyang fakir miskin. Nalika Ramadhan lan Idul Fitri, sifate tiyang ingkang takwa ingkang pertama menika dipun wujudaken, paling mboten kanthi kita ngedalake zakat fitrah.

 

Tanda tiyang ingkang takwa, ingkang nomer kalih, inggih punika saget ngempet muring.

Nesu utawi muring sejatosipun perkawis ingkang manusiawi. Ananging kagem tiyang ingkang takwa, piyambakipun saget ngempet utawi mboten ngumbar, menawi muring. Menika dipun ibarataken kados dene  termos, ingkang saget nyimpen utawa ndelikaken rasa panas. Semanten ugi, tiyang ingkang takwa, piyambakipun saget nyimpen rasa panas utawi muring puniko. Ugi saget ngedalaken raos panas menika ing wekdal ingkang pas, kangge perkawis ingkang maslahat, nalika dipun butuhake.

 

Ing mangka, wulan Ramadhan kedahipun saget dados wekdal kangge nglatih amarah kita. Kaitanipun kalian ngendaliken amarah.

Kanjeng Nabi Saw, nate tanglet dhateng para sahabat, Sopo kang diarani petarung sejati?. Sahabat sami jawab, petarung sejati inggih puniko tiyang ingkang saget menang nalika dikeroyok tiyang kathah.

 

Kanjeng Nabi jawab:  لَيْسَ ذَلِكَ وَلَكِنَّ الَّذِي يَمْلِكُ نَفْسَه عِنْدَ الغَضَبِ

Artosipun: “Ora ngunu kui, nanging petarung sejati yaiku wong kang iso ngatur (ngendalike) ing awake, nalikane nesu,” (HR Muslim).

 

Tanda ingkang nomer tiga, saking tiyang ingkang takwa inggih puniko  remen ngapura (kesalahane) manungsa.

Idul Fitri menika ugi dados wekdal ingkang sahe kangge kita sami nyuwun pangapura. Sak sampunipun kita ngresiki awak kita saking dosa, kanthi nindhaake ibadah siyamk saha amalan-amalan sanese wonten ing Wulan Ramadhan, kita sampurnaaken kanthi lebure dosa kita marang sepadha.

Dhawuhipun Allah ta’ala wonten ing Surat Al-A’raf ayat 199:

خُذِ ٱلْعَفْوَ وَأْمُرْ بِٱلْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ ٱلْجَٰهِلِينَ

Artosipun: “Dadio sliramu (Muhammad) wong sing (seneng) ngapura lan supaya nglakoni perkara kang becik ugi mengoho saka wong-wong kang bodho.” ​​​​​

Nalika kita nyuwun ngapura, mboten ateges kita kalah utawi lemah. Ugi menawi kita caos pangapura, mboten ateges kita ingkang langkung sahe.

 

Dhawuhipun Kanjeng Nabi ingkang sanese:

َمَا زَادَ اللهُ عَبْدًا بِعَفْوٍ إِلاَّ عِزًّا

Artosipun: “Ora bakal ana tambahan (ganjaran) liya saking Gusti Allah dhateng tiyang ingkang paring pangapura, kajaba namung kamulyan.” ​​​​​​

 

Mekaten ingkang saget kulo aturaken wonten ing khutbah puniko. Mugi-mugi kita sedaya dipun dadosaken Allah ta’ala, kalebet tiyang ingkang takwa, begja dunya lan akhirat. Dipun ngapunten sedaya dosa lan lepat kita. Dipun tampi sedaya amal ibadah kita. Lan mugi-mugi kita dipun kempalken Allah sareng keluarga, guru-guru kita, lan Kanjeng Nabi Muhammad saw wonten ing Suwarganipun Allah ta’ala. Amin. Allahumma amin.

جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ، وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ،

اَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ الله لِى وَلَكُمْ، وَلِوَالِدَيْنَا وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، فَاسْتَغْفِرهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

 

Khutbah II

 

اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ … اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ … اَللهُ أَكْبَرُ.  اَللهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ لِلّهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا. لآ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ، وَنَصَرَ عَبْدَهُ، وَأَعَزَّ جُنْدَهُ، وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ. لآ إِلهَ إِلَّا اللهُ وَلَا نَعْبُدُ إِلَّا إِيَّاهُ، مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينِ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدْقِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

أَمَّا بَعْدُ :  فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. فَاللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صَلَاتَنَا وَصِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَسَائِرَ أَعْمَالِنَا وَتَمِّمْ تَقْصِيْرَنَا فِيْ رَمَضَانَ وَاجْعَلْنَا مِمَّنْ يُقِيْمُهَا وَيُدِيْمُهَا وَيُحْيِيْهَا بَعْدَهُ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

 

وَالْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ

 

عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ وَالسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ